Kabeh wong ora nang kota ora nang ndesa mesti wis ora gumun maning maring sing jenenge mi ayam. Masakan mi sing dicampuri iwak ayam kie, wis dadi panganan sing umum nang kabeh wong. Nang Kota Cilacap, warung mi ayam tukul kaya jamur nang mangsa udan. Nang endi-endi ana. Ana sing ider mlaku-mlaku nang desa, ana sing ngetem nang prapatan, malah ana sing ngedegna warung mi ayam nang pinggir kali, kaya warung mi ayame kang Sardi Haryoto karo Yu Tusiwen. Wong-wong pada njenengi warung mi ayam wetan kali.
Warung mi ayam wetan kali kie manggone nang wetan Kali Serayu, kurang lewih 100 meter wetan brug Serayu. Nang sebelah lor dalan Adipala-Cilacap, ana warung warnane kuning, ya kue warung mi ayam wetan kali.
Saben dinane warung wetan kali bukak jam 9 esuk nganti jam 8 mbengi. Tapi nek tanggal-tanggal nom biasane tutup lewih gasik. “Asale nek tanggal nom mesti sing teka lewih akeh,” jere Yu Tusiwen sing wis 24 taun usaha mi nang Desa Penggalang, Adipala.
Nek dideleng-deleng, mi ayam wetan kali kae ora beda adoh karo mi ayam liyane. Tapi nek dirasak-rasakena rasane lewih buket (prkitieewww). Pas di takoni kepriwe gole masak, jere Yu Tusiwen, bedane mung gole masak duduh karo iwak ayame digawe bumbu semur, dadi lewih buket. Terus mi-ne ya gawe dewek, sedinane paling ora entek 12,5 kilo terigu nggo gawe mi tok.
Wis pokoke nek liwat nang dalan Cilacap-Adipala, ora ana salaeh njajal mampir nang warung mi ayam pinggir kali. Ora mung mi ayam tok, warung kie uga nyanding bakso, dadi sing seneng bakso ya ora usah kewatir. Regane ora larang-larang, cukup Rp 5.000,- per mangkok. Murah mbok! dijamin weteng wareg, mata melek, ati semringah. Wis pokoke dijamin mi ayam-e mblaketaket pisan….
Nyong wingi wis mbuktekena loh.. Ncen rasana jaaaannnn… kaya ayam temenan (kampus) wuakakaka :P
Nek ura percaya tiliki dewekan be nganah.. tapi aja klalen bayar.. :P
Tidak ada komentar:
Posting Komentar